BAGEN ora duwe mata, alias tunanetra, Mang Sawal emong kalah karo wong kang normal, apa maning yen wis kanda wadon sintal.
“Mang lagi ngapai ning pinggir lapangan?” Jare Lamsijan.
“Lha ya lagi cuci matalah, sekalian deleng ibu-ibu ganjen lan gembleng kang lagi senam, jawab Mang Sawal.
Mang Sawal sih ngaeng-ngaeng bae, ana ibu-ibu gembelng enak dipandeng gen, mata Mamang kan ora katon,” jare Lamsijan.
“Lha ya paling beli kan yen liwat mambue pasti wangi, jare Sawal.
“Wis yuh dolan-dolan bae numpak mobil ane ning Paniis, aja ngladeni Lamsijan,” jare Bos Kamid.
“Alhamdulillah…Yuh mangkat ! Ari rejeki kuh ora bakal kesliru,” jare Sawal.
Mang Sawal numpak mobil Bos Kamid.
Prangsane Mang Sawal jalan-jalan ning tempat rekreasi Paniis Kuningan, padahal cuma muter-muter ning lapangan bola Desa Tegalwangi.
Pas mandeg Bos Kamid karo Lamsijan jalanaken kipas angin, Bujal ngrasa adem.
“Paniis kuh enak ya Bos, angine semliwir adem, nikmat….pisan,” jare Mang Sawal.
“Sedelat ya Wal, ane karo Lamsijan arep tuku udud, jaburan lan nginum, jare Bos Kamid.
“Aja klalen isun udude kretek,” jare Mang Sawal.
Tapi wis sejam luwih, Bos Kamid karo Lamsijan ora teka-teka.
“Bos Kamid.! Lamsijan! Lagi pada mendi ora teka-teka kuh….!!?”
“Tulung wong…..isun ditinggal batur ning Paniis kih, tulung ateraken balik ning Cirebon…!!” mang Sawal nangis.
“mang sawal kenangapa nangis ning kene? Isin kuh akeh bocah lan ibu-ibu,” jare Misnen.
“Lha kebeneran ana sira Nen, tulungi, isun ditinggal Bos Kamid ning Paniis kih… untung ana sira Nen,
“Sapa kang ning Paniis. Mang Sawal kuh ana ning pinggir lapangan Tegalwangi…!” Jawab Misnen.
“Kurangajar! Bos Kamid karo Lamsijan ngerjai isun, awas sira….!!” Sawal sewot mbari ngacungnang gendire.
“Heh heh heh.!!! Misnen gemuyu ngekek. (Mimi Gede)
Maklum Tunanetra, Lapangan Bola Disangka Paniis
