KACUNG Apin ponakane Lamsijan pinter, yen mangkat blajar ngaji bolak-balik dewekan bae, ora gelem diater ning wongtuwae.
“Tenang bae kacung sih dewekan gen wani,” jare Kacung Apin.
“Ponakane sapa dikit, ponakane Mamang Ijan ya kudu kendel !,” jare Lamsijan.
“Iya Mang, Kacung sih emong ngrepoti wong tuwa,” jare Apin.
“Tapi priben lamun dina kiyen diater ning Mamang..?” Jare Lamsijan.
“Emong, Mang Ijan ngater kuh ana kang dipetek cilik, pasti pengen ketemu karo Ustadzah Siti…,” jare Apin.
“Wis yen wis weruh aja bribin,” jare Lamsijan.
“Wis Mang Ijan, Kacung pamit arep ngaji,” jare Apin, terus mangkat.
Pas balik, kacung Apin arep wayah magrib. Deweke jukut dalan pintas liwat seng kuburan. Teka ning tengah-tengah kuburan, ujug-ujug ning sor wiwitan rangdu alas gede ana makhluk gaib Wewe Gombel gedhe duwur kopeke nggandul, gawe Apin kaget lan wedi.
Lantaran wedi, deweke maca donga sekelingane. “Bismillahirrohmaanirrohim….Alllohumma bariklanaa..fiimaa… rozaqtanaa…wa qinna…a’dzabannar….!!” Apin maca donga arep mangan.
“Waduh cilaka dua belas kih, bocah cilik wani arep mangan isun. Kabur……!” Wewe Gombel kaget disangka kacung Apin arep mangan deweke, Wewe Gombel langsung mlayu toli ngilang.
“Hheh heh heh hhh……! Wewe Gombel kewedien ning Apin Mang,” jare Apin kanda ning Lamsijan. (Mimi Gedhe)
Wewe Gombel Wedi ning Bocah Cilik
