Aja Ngekek Bapak Bli Puasa

Ilustrasi.* (Foto : Ist/CN)

Bapak Ora Puasa….!

BOCAH jaman sekiyen ana bae akale yen duwe jalukan. Malah bisa ngancam wongtuwane yen kepengenane ora dituruti.

Bos Kamid duwe anak kang masih ning SD, tapi bandele udubilah, ya sapa maning yen dudu Kacung Udin.

“Bocah kih metue pada bae seng kene, tapi nakal temen,”  jare Mimih Emih, rabie Bos Kamid, ngresula.

“Pokoke dina kiyen kacung Udin kudu ning Mall.. ! Kang ana ning Kota Cirebon,” Jare Udin.

“Cung bagus…..suk kiki maning, sekiyen Bapak lagi keder, akeh kang diurusi,” jare Bos Kamid.

“Emong, pokoke kudu tuku klambi raya lan sepatu dina kiyen….!” Kacung Udin kang nakal karuan bocae sangkal.

“Pinter sih Cung.., suk kiki maning sekalian Mimih blanja sejene,” jare Bi Emih kelawan omongan kang lirih, tapi dasar Udin angger emong ngerti.

“Sungkan, kudu sekiyen, yen Mimih tah Bapak bli gelem mangkat, kacung arep ngomong ning spiker mesjid, Mimih karo Bapak bli lokan puasa….!!” Udin ngancam.

“Waduh cilaka, kita bli puasa bakal keweruan wong se-desa, yuh mangkat….!” jare Bos Kamid kelawan rada nafsu.

“Wk wk wk cis dor ! Heh heh hehhh….!!” Lamsijan kang weruh Mimih Emih karo Bos kamid dikerjai ning Udin malah gemuyu ngekek. (Mide)

Exit mobile version