Guru Ditakoni, Jawabe Sukiki

Aja Ngekek, (CN),-
MULAI belajar biasa ning sekolahan, Kacung Udin mulai pusing. Wonge jaluk sekolah tapi emong mikir lan emong pusing. Apa maning yen ana pelajaran basa Inggris, Kacung Udin sering nangis, lantaran wedi ning Pak Guru Kumis.

“Sekolah kih pusing ya, PR (diwaca pe – er) mlulu. Saben dina ana PR, takon Mimi ning umah malah sewot, lantaran ora bisa. Malah, Mimi ngrasani guru dume ngupai PR terus,” jare Udin, ngomong dewek.
“Kenangapa nglamun kuh Din ?” takone Apin.

“Sekolah kuh gawe setres ya, ana pelajaran ngitung, basa daerah kudu loro ana Sunda ana Cirebon, luwih pusing maning kudu blajar basa Inggris, bli sekalian bae basa India. Luwih setres maning saben dina dipai PR terus Pin,”

“Dipikir-pikir sih bener ya Din gawe setres, tapi sekolah kan maksude kon pada ngerti budi pekerti, sopan santun lan kon pada pinter. Arane gan wong lagi blajar ya kudu sabar. Ari pengen ora mikir maen gim bae Din,” jare Apin.

“Iya wis kudu sabar ya Pin, lamun ora sekolah engkoe bodoh lan ora duwe batur,”
“Lha iya Din, wis ayu-ayu bae dilakoni, ana pribasane berakit-rakit kehulu berenang-renang ke tepian, bersakit-sakitlah dahulu bersenang-senang kemudian,” jare Apin.

“Emonglah Pin, Udin sih pengene seneng terus. Kan cita-citae kaya Mama Kamid, urip ning dunya dadi wong kepandeng, sugih, seneng, mati lempeng lan ning akhirat olih nikmat,” jare Udin.

“Aja ngladeni Mama Kamid, pengen seneng dewek bae kuen kuh,” jare Apin.

“Pin ko dikit, iki ana PR basa Inggris, isun ora ngerti,”
“Takon bae ning Bu Guru,” jare Apin.
“Bu Guru, punten nakon, ari to morrow (diwaca tumorrow) artie apa ?” Takone Udin ning Bu Guru Ayu.
“Suk kiki…..” jawab Bu Guru mbari buru-buru balik.

“Waduh priben jeh Bu Guru kuh, ditakoni to morrow jeh jawabane kon ngenteni sampe kiki ? Aja –aja Bu Guru pao kaya isun,” jare Udin.

“Mang Lamsijan….ari to morrow artie apa ?” Takone Udin waktu wis teka umah.
“Suk kiki….,” jawab Lamsijan.
“Lha pada bae karo Bu Guru jawabane suk kiki, kesuwen….!” Udin sewot.

“Yen ora percaya buka kamus Inggris – Cirebon bae, kih kamuse,” jare Lamsijan.
Pas buka kamus. “Ooo….ari to morrow kuh suk kiki tah…?” Udin nembe ngerti.
“Heh heh heh…kk !!!” Lamsijan gemuyu ngekek. (Mimi Gedhe)

Exit mobile version