Wulan Puasa Esuk-Esuk Wis Ngopi

Ilustrasi.* (foto : Ist/CN)

LANTARAN lagi laka kegiatan, Bos Kamid, Lamsijan, Misnen, Warlam, Dulgepuk, Abud lan Aseng wis kumpulan.

“Jan yuh ngopi… jare Bos Kamid, gawe Lamsijan karo sejene kaget.
Emong ah Bos, isin wulan Puasa…., jare Lamsijan, Bos Kamid mung mesem, tapi sejene pada pesaran.

Yen Lamsijan ora gelem dijak ngopi, wis ane bae Bos, jare Abud, bocah mblubud.
Isun kedik melu lah Bos, jare Dulgepuk.
Bos Kamid mangkat numpak mobil karo Abud lan Dulgepuk, jare sih pengen ngopi.

Pas Lamsijan ning dalan ketemu Bi Emih, rabie Bos Kamid. Jan ndeleng Mama Kamid beli ? takone Bi Emih.
Wuah nembe kloyong kuh Mih, ngomonge sih arep ngopi ning kios pasar, malah gawa Dulgepuk karo Abud kedik, jare Lamsijan.

Bi Emih langsung cingcing rok mlakue tambah balap arep ngoncog lakie ning kios pasar. Sayange ora ketemu.
Pas Bos Kamid teka umah langsung disewoti Bi Emih. Ma…waktu saur isun kedereng-dereng gaweaken sop buntut sapi, masih esuk malah jare wis ngopi…!! Bi Emih sewot.

Astaghfirulloh….aja ladeni Lamsijan ! Ane tes ngopi Kartu Keluarga (KK) karo KTP Mih, dudu tes medang kopi…!! jawab Bos Kamid.

Bli percaya kih saksie ana Dulgepuk karo Abud, jare Bos Kamid.
Iya Mih, ane karo Dulgepuk dadi korban, bokat kuh ngopi beneran, nyatae ngopi KK karo KTP, apes deh ! jare Abud.
“Wk wk wk cis dor ! Heh heh heh hhh….!! Bi Emih malah gemuyu ngekek.

(Mimi Gedhe)

Exit mobile version