NING tempat wisata Gua Sunyaragi Cirebon, Lamsijan pede bae, ngejak kenalan karo salah siji turis wadon kang demplon.
Lumayan olih kanggo memanas Misnen karo Warlam lan Bos Kamid, jare Lamsijan ning jero ati.
Bule asal Inggris kang aran Caterine mau sengaja digawa Lamsijan dolan ning kampunge, supaya Bos Kamid kang kadang masih koplak lan batur sejene pada kesirian.
Nembe manjing dalan kampung, Lamsijan ketemu Bos Kamid. “Jan ente gaya pisan gawa wadon bule ning umah,” jare Bos Kamid.
“Sapa dikit…? Lamsijan, bagen duwit pas-pasan gampang luru kenalan,”
Anne masih kalah bae ning ente Jan, jare Bos Kamid kang dikenal mata kranjang.
“Terus gawa turis bule ning umah kuh arep dipakani karo apa ?!” Takone Mbok Warsih, mimie Lamsijan.
Aja pusing-pusing Mih, seanae bae, doyan ya srog yen beli ya ora apa-apa, jare Lamsijan.
Akhire mimie Lamsijan ngempal bung. Pas wis mateng, ora disangka-sangka yen Caterine mangane sampe urug.
“Wuah… delicious….!!’ It is what soup ?” Takone bule Caterine.
“Young bamboo soup alias pring enom,” jawab Lamsijan.
“What’s more, the old one, the young one is delicious (apa maning kang tua, kang nom bae enak…)” Jare bule.
“Here, the old one is occupied by Caterine (kih kang tuwa, didodoki Caterine,” jawab Lamsijan, mbari tangane jagani amben pring.
“Hah….Iam eat bamboo soup.., likened to a panda… (hah isun mangan sop pring nom, dipadaaken karo panda…!!??)” Jare Caterine terus les….pingsan alias kelenger, lantaran kaget.
Ya.modus, turis mulus kelenger malah Lamsijan bisa ngelus-elus. Pas eling, Caternine malah pengen dielus terus.
(Mimi Gedhe)