Tukang Nyiliki Badan Murah Mareh

Ilustrasi.* (foto : Ist/CN)

PANCEN rejeki kuh kaya ramalan cuaca, ora rata, ana kang keudanan ana kang beli. Mengkonon uga rejekie menusa ana kang akeh ana kang setitik, ana kang sedeng-sedeng bae.
Persoalane beda kaya kang lagi dialami Bi Emih rabie Bos Kamid, bagen tambah sugih malah pusing mikiri awak kang wis ora langsing. Weteng tambah blending, akhire Bos Kamid arang kesanding.
“Duh…..badan wis kaya gentong, bokong mirip kingkong,” jare Bos Kamid, gawe panas atie Bi Emih.
Diece ning lakie, Bi Emih mengkel, langsung ngulati Lamsijan. Janyuh melu ning kita, gagiyan sekiyen ! jare Bi Emih, ngegas.
Waduh ana apa Mimih Bos, katone buru-buru pisan, jare Lamsijan.
“Yuh goleti wong ahli nyiliki badan ! jare Bi Emih sewise Lamsijan manjing ning mobil.
“Siap Mih, isun weruh, malah biayae murah mareh,”
Lamsijan nyetir mobil, pas ning arep gang mandeg.
“Kih Bu, murah kan…? Nyiliki paha alias pupu Rp20 ribu, nyiliki pinggang alias beyekan Rp30 ribu…!?” Jare Lamsijan.
“Lha…..dasar bocah edan kurang menyan ! Nambor kang dipasang kiyen kuh dudu kanggo langsing badan ! Tapi iklan tukang jait pakean…!!” Bi Emih sewot.
“Waduh…!! Punten, isun bli ngerti Mih…..,” jare Lamsijan kang bodoh-bodoh pao.

(Mimi Gedhe/CN)

Exit mobile version