Resep Mancing kang Paling Jitu, Kudu Deleng Posisi Rabi Turu

Ilustrasi.* (foto : Ist/CN)

YEN wong lagi keedanan kuh bisa klalen segala-gala, persis wong edan. Kaya Warlam karo Misnen kang lagi keedanan mancing.
“Keudanan lan keanginan ora dianggep alangan, bener-bener wong edan, jare Bos Kamid.
”Bener Bos, wong baka wis keedanan kuh bli kruwan-kruwan, wani tuku peralatan larang, malah gludug jlemeder dianggep suara musik konser, jare Lamsijan.
“Aja nglarui wong seneng Jan, pada bae kaya ente, apa nikmate musik blues, jare ane kang ora seneng ya pasti enak musik ballasik, jare Bos Kamid.
“Tumben ente libur-libur ora pada mangkat mancing ? Takone Bos Kamid.
“Jorane reang dimutilasi ning wong wadon, jare Warlam.
“Asale apa ?” Bos Kamid penasaran.
“Asale wong wadon jaluk diater ning pasar, reang nolak soale arep mangkat mancing, jawab Warlam.
“Ari ente Nen, bisae bli mangkat mancing asale apa ?
“Kita sih gara-gara wis ping telu mangkat mancing bli lokan olih akhire rabi ora ngidini, jare Misnen.
“Lha yen seneng mancing ya kudu duwe ilmue. Kuh Bos Kamid weruh carae supaya mancing gelis olih,” jare Lamsijan.
“Iya Lam, Nen, kepengen macinge gampang olih beli ? jare Bos Kamid.
“Iya Bos, tulung sih pai weruh carae , jare Warlam.
“Gampang, sedurunge mangkat mancing kudu deleng posisi turu rabi, jare Bos Kamid.
“Lamun istri turue miring nengen, ente lamun mancing kah engko kang jagani joran tangan tengen. Lamun posisi turue miring ngiwe ya kang jagani joran tangan kiwe,
Lamun rabi posisi turue kuh ndakom ? Takone Misnen.
Ya engko yen mancing jaganane tangan loro, jare Bos Kamid.
Lha kepriben lamun reang arep mangkat mancing, tapi rabi reang posisi turune mluma alias terlentang ? Takone Warlam.
Lha…ya wis mancinge aja adoh-adoh, ning kono bae pasti olih, jawab Bos Kamid.
“Wk wk wk cis dor ! Heh heh heh….!! Lamsijan gemuyu ngekek.
“Embuhlah Bos guyonan bae….!! Jare Warlam.
“heh heh heh….!! Bos Kamid melu gemuyu ngekek.

(Mimi Gedhe)

Exit mobile version