Mobil Manjing Garasi Disangka Ngalangi

Ilustrasi (Foto : Andi/CN)

APA ya bisae zaman kiyen akeh pengendara pada klalen ngupai lampu sein ? jare Lamsijan.
Asale akeh wong pusing Jan, sugih utang, jawab Warlam.
Apa hubungane karo utang ?
Lha apa maning sekiyen, bayangnang bae Jan umah masih kudu dicicil, kendaraan kang ditumpaki olih kredit, debt collector pinjaman online nagih terus, bayaran menggawe angger bae, malah rega BBM lan barang-barang pada larang kabeh, priben pikiran arep tenang ? jare Warlam.
Kayae sira ana benere Lam, apa maning ibu-ibu, kadangkala ngupai sein kiri eh beloke kanan. Sein kanan malah belok kiri, soale akeh kang dipikiri, jare Lamsijan.
Lha ya bagen salah mendingan masih ngupai sein Jan. Lamun ibu-ibu ngupai kode-e karo bokong luwih bahaya, dika kang ana ning gurian bisa-bisa klalen lagi nyetir mobil,
Lha sira bae dasar omes ! jare Lamsijan.
Lha jare jaluk dibature ana perlu ning kota, ngobrol bae ora mangkat-mangkat, takone Lamsijan.
Iya. Yuh mangkat….., jawab Warlam karo nyetater mobile.
Awas ati-ati Lam, bokat ibu-ibu seine ganti bokong, jare Lamsijan.
Lha kayae sih dika kang mesum kuh Jan,
Ning perjalanan ujug-ujug udan gede. Ya Gusti Alloh…reang ngenggo kaca mata min jeh udan gede ya angel deleng dalane, jare Warlam.
Waduh iya Lam, apa maning sira kang ngenggo kaca mata min, isun kang matae normal bae ora jelas. Wis ngintil mobil kang ana ning arep bae, jare Lamsijan, Warlam setuju.
Mobil ning arep alon, melu alon, yen balap melu balap maning, pokoke ngintil terus. Tapi, ujug-ujug mobil kang ning arep mandeg.
Wong gawa mobil ning arep kih kemplud, ngalangi dalan ! jare Warlam.
Woe….. aja ngalangi dalan…! Jare Warlam bari buka gendela mobil.
Sapa kang ngalangi dalan ! Sampeane bae kang bahlul, mobil manjing ning garasi dikintili ! jare wong mau.
Waduh, pangapura Pak,
“Heh heh heh….!!! Lamsijan malah gemuyu ngekek.

(Mimi Gedhe)

Exit mobile version