BOSEN nganggur lantaran pabrik kecap tempat menggawe-e bangkrut lantaran masyarakat wis ora nglirik produk lokal, Lamsijan nyoba-nyoba luru dalan rejeki sejene.
Ane duwe obyekan anyar Lam, jare Lamsijan.
Obyekan apa Jan ?
“Pokoke analah. Bagen untung durung kenalar kang penting pikiran jembar ! jare Lamsijan.
Iya, tapi obyekane luh apa ? Warlam penasaran.
Kang pasti duwit olih hiburan olih, dobel bati, jare Lamsijan.
Iya tapi kudu jelas yen dagang kuh dagang apa, yen menggawe menggawe apa ? Warlam tambah penasaran.
Yen penasaran, ente suk kiki jam sepuluh ketemu ane ning arep kantor kecamatan, jare Lamsijan.
Pas suk kikie, bener Lamsijan wis ana ning arep kantor kecamatan. “Dagang apa Ang ?” Takone Dayuni kang wis kenal.
“Dagang barang antik,”
“Barang antik apa, ora jelas, coba dagangane digelar supaya wong pada weruh terus tuku,” jare Dayuni.
Lamsijan nurut dibuka tase terus gelar dagangan, “Lha kiyen sih pembalut kanggo wong wadon yen lagi men. Piraan ?”
“Limang ewuh kang siji Mbak,” jare Lamsijan.
“Embuh lah, pembalut bae larang pisan, isun biasa tuku ning warung mung sewu limangatus !”
“Bisae larang kuh Mbak asale semasange….,” jawab Lamsijan.
“Wong edan….! Apa maning limang ewuh, dipai gratis gen bli arep ! Amit…amit…!! Soale semasange !” Dayuni sewot bari gebugi gigire Lamsijan.
“heh heh heh…..!!! Lamsijan gemuyu ngekek.
(Mimi Gedhe/CN)
