MUMPUNG lagi laka pegawean, Lamsijan dolan ning Tangerang, sekalian ketemu batur lawas kang aran Warlam, bekas supir Camat Srengseng, kang sekiyen ana ning kawasan Cengkareng.
Pragat muter-muter sampe endas mblenger, Lamsijan ketemu alamate Warlam.
Lamsijan kaget waktu ketemu batur lawase. “Kenangapa Lam, dika ora dadi supir Camat maning ? takone Lamsijan.
“Reang kan Cuma honor, wis lawas mari dadi supir Camat, gara-gara pengen mranto ning Tanggerang, jare Warlam.
“Alhamdulillah sekiyen reang wis sukses duwe pangkalan bubur pirang-pirang lan rumah makan padang ampir saben gang,” jare Warlam.
“Mantep Lam, ora nyangka ente sekiyen wis sugih,
Ahdurung apa-apa Jan, reang ngrasa masih kangelan, jare Warlam.
“Kudu bersyukur Lam, wis sugih duwit, eh. Malah sugih gelar maning, jare Lamsijan bari matae mendelik ning lawang.
“Tapi isun penasaran sekiyen ning arep umah ana gelar DR Warlam, MSc,SS sih ente kapan kuliahe ?”
“Wis aja bribin, reang kan sekiyen umae ning komplek perumahan dosen, dadi kudu adaptasi, kang sejen ana gelar Prof, DR, MM lan seteruse, lantaran isin, reang nulis gelar tempelan,” jare Warlam.
“Ya salah, ente kan ora kuliah ? Gelare palsu ! Engko ana kang nglapornang ning pulisi, priben ?”
“Ya belilah ! DR Warlam, MSc, SS maksude Disini Rumah Warlam, Mantan Supir Camat Srengseng, Sekiyen Sugih….”
“Bocah edan ! Heh heh heh….!!” Lamsijan gemuyu ngakak.
(Mimi Gedhe/CN)










