Minggir…Minggir….Isun Keluargae….

Ilustrasi (Foto : Andi/CN)
banner 120x600

TAUN Baru Lamsijan ngampiri Nok Siti ngejak rekreasi ning Linggarjati.
Apa bli sekalian kang adoh bae tah Ang, soale wis setaun luwih ora plesiran, anggep bae plesire dirapel dadi adoh ning Pangandaran, syujur ning Tabanan, jare Nok Siti.
Lha ya aja adoh-adoh Nok, soale Ang Ijan karo Nok Siti kan durung nikah, watir kedadian kang ora-ora., jare Lamsijan.
Iya wis bener Ang, kang parek bae ning daerah Kuningan, kang penting bisa loroan,
Nah pinter sih Nok, yuh mangkat.., jare Lamsijan, motoran.
Durung teka ning Linggarjati, teka ning tanjakan kawasan wisata Bukit Plangon, Sumber Kabupaten Cirebon kaget dalan macet akeh wong, terus minggiraken motor, Lamsijan nakon.
“Ana apa Mbak ?” Takone Lamsijan.
“Ana korban tabrak lari !” Jawab salah siji wadon gembleng.
Lantaran penasaran kang ketabrak kuh sapa, supaya dipai dalan, Lamsijan pura-pura ngaku keluargae.
“Punten….punten….Mas ganteng…..Mbak ayu…., punten Pak Pulisi kula keluargae….! Kula keluargae!” jare Lamsijan bari mlaku alon-alon.
“Ooo keluargae tah, mangga-mangga dipai dalan…!” Jare pulisi kang ngatur lalulintas.
Wis mlaku ngos-ngosan, pas Lamsijan sampe ning tempat kedadian.
“Kuh Mas, jare keluargae, los mana digawa balik, heh heh heh….!!” Pulisi gemuyu ngekek.
Waduh, kang ketabrak ketek Plangon, cilaka dua belas. Mlayu….!!! Lamsijan isin, langsung mlayu mbari terus digeguyu wong.

(Mimi Gedhe/CN)

banner 400x150

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *