BOS Kamid, Lamsijan lan Warlam pengen dolan-dolan ning Malaysia, mumpung lagi ana duwit luwih.
Gelise ning crita, bobade Mimi Gedhe ngarang Aja Ngekek, ketelu batur mau wis teka ning luar negara tangga. Kanggo nglelipur ati kang sedih, pengen numpak sepur.
Ning jero gerbong sepur akeh turis saking sejen negara. Rupane saben turis manca negara ngunggulaken produk negarae.
Turis Amerika kang katone sombong langsung mbuwang setumpuk duwit Dollar seng gendela sepur, wer!
Apa dibuang Mister ? Takone Lamsijan.
“My country is rich. !” Jawab turis Amrik.
Sementara turis Korea emong kalah, deweke balangaken HP (diwaca Hape) merek paling anyar lan regae larang.
“Hadeuh….ora eman tah Tuan ?!” Jare Bos Kamid.
“Ning Korea wis laka regane !” Jawab wong Korea.
Turis Jepang ujug-ujug mbuwang kamera paling anyar lan larang regane.
“Iku kamera bagus lan larang Tuan, apa bli kanggo reang bae..?!” Jare Warlam.
“Sorry kamera model kiyen ning Jepang wis ora payu,” jare turis Jepang.
Bos Kamid , Lamsijan karo Misnen keder ora karuan, arep ngunggulaken apa seng negarae. Tapi ora kurang akal, weruh ning bangku arep ana wong lanang perlente, tase gedhe, ketelu batur mau langsung mbuka gendela sepur, mbalangnang wong mau.
“You are sadist ?!” Jare turis sejene.
“Wong mau kuh koruptor, ning negara reang tambah pirang-pirang…!” Jare Warlam.
“Ooo… iya tah..???!! heh heh heh heh….” Turis manca negara gemuyu ngekeki.
(Mimi Gedhe/CN)