Melas ning Bocah Cilik

Ilustrasi (Foto : Andi/CN)
banner 120x600

AKHIR taun Lamsijan pengen dolan – dolan, sayange lagi ora duwe demenan.
“Dolan-dolan jen bli karo demenan, ya bakale laka kenangan, ” jare Bos Kamid.
“Lha aja ndingini kersane Kang Kuasa Bos, sapa weruh olih demenan ning dalan, ”
“Yo wis los mangkat Jan, bokat bae olih demenan ning dalan, padu aja olih wadon edan bae, ” jare Bos Kamid, bari lunga.
Lamaijan buru-buru mangkat ning terminal Harjamukti Cirebon, tujuane arep ning Bandung.
Wis olih bus jurusan Bandung, Lamaijan seneng lantaran dodok sejok karo wadon gembleng.
Bus mulai mangkat, Lamsijan mulai ngudud, gawe wadon sebelahe mrengut toli protes.
“Mas, kula sih kenang kebul udud ora apa-apa, tapi iki melas bocah cilike kih, ” jare wadon kang aran Minah, bari ngupai weruh anake kang kira-kira umure nembe setaun.
“Oh iya, maaf – maaf, ” jare Lamsijan, mateni udude. Minah langsung mesem, gawe Lamaijan kesengsem.
Mobil bus terus mangkat, Cadas Pangeran wis keliwat. Rupane Minah ngantuk berat, roke nyilak gawe Lamsijan pikirane ngamprak-ngamprak.
“Duh keder temen ya, yen dipai weruh lumayan olih kanggo hiburan, tapi yen ora ngupai weruh melas bokat penumpang sejen katon, bokat Minah wirang, ” jare Lamsijan ning jero ati.
Akhire Lamsijan melas, terus ngupai weruh. “Mbak, Mbak… kita sih ora apa-apa, tapi iki melas ‘bocah cilik’ kitae kih ora gelem anteng, ” jare Lamsijan.
Kelawan rasa isin, Minah langsung ngrapinang roke kang mau brantakan.
Ora krasa bus wis teka ning terminal Cicaheum. Kelawan mesem, Minah ngupai nomer Hape ning Lamsijan. “E ngko mampir ya Mas…, ” jare Minah, ati Lamsiijan bungah.
“Kayae sih Minah kih rangda, masa kita masih jaka olih demenan rangda? Tapi karepe temen, rangda malah luwih pengalaman. Heh heh heh heh… , ” Lamsijan ngekek dewek.

(Mimi Gedhe/CN)

banner 400x150

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *