Ngenggo Jilbab Malah Disewoti

Ilustrasi (Foto : Andi/CN)
banner 120x600

LAMSIJAN duwe ponakan kang aran Berli sing biasae semringah, sekiyen katone lesu, kaya tanduran kang alum.

Ana apa Ber, biasae semringah sekiyen kaya wong lagi susah, jare Lamsijan.
Ya bli mengkele priban Mang, isun waktu tuku jilbab larang, kang jaga tokoe cuek bae, kaya wong ora ikhlas dagangane dituku, jare Berli.
Padahal, isun tuku jilbab ora nganyang, waktu nakon rega langsung tek waneni,
Terus kepriben ? Lamsijan penasaran.
Waktu tuku benges ning toko kosmetik, pada bae, pelayane judes-judes laka kang sopan, padahal isun tukue akeh,
Waktu tuku sendal jingjit ya mengkonon maning Mang, kang jaga tokoe kaya ora seneng kah isun blanja, jare Berli maning.
“Sampe teka ning umah, kudue Berli ngenggo jilbab, tuku mukenah, tuku sendal jingjit kuh Mama karo Mimi seneng lan ndukung jeh malah nyewot-nyewot ! Salah ike apa Mang ?!” Berli penasaran.
“Masa mengkonon bae ora ngerti ?”
“Iya Mang, jujur ora ngerti, masalahe apa ?” jare Berli.
“Asale sirae lanang.!! Masa iya lanang ngenggo jilbab tah mukena..!? Terus arane Berli jaluk diundange Berliana, ya pasti Mama karo Mimi sewot !” Jare Lamsijan.
Berli kang ngrasa banci langsung mlayu, Lamsijan gemuyu ngakak.

banner 325x300

(Mimi Gede)

 

banner 400x150

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *