SUWE – suwe Lamsijan bosen menggawe ning pabrik kecap. Selawas-lawas bayaran ora jelas, mung olih kanggo tuku beras. “Lha….dasar pabrik kecap, pengene pada nomer siji kabeh, tapi mbayar wong menggawe paduan bae…!”
“Masih untung sira menggawe, bagen mung olih kanggo tuku beras, yen kaya isun kang pengangguran ya sedina-dina mung bisae ngukur dalan,” jare Misnen.
“Yow is yuh ikhtiar luru pegawean kang dibayare gede,” jare Lamsijan.
“Wis tenang, kita duwe kenalan kang bisa luruaken pegawean ,” jare Bos Kamid.
“Lha kebeneran Bos reang gen gelem, yen menggawee dibayar larang,” jare Warlam, kang asale seng Indramayu.
“Menggawe-e paling gampang, cuma nyateti barang-barang atawa nonggoni empang, ” jare Bos Kamid.
“Ya wis siaplah Bos, kapan mulai daptar ?” jare Lamsijan.
“Sekiyen gen bisa, cukup fotokopi KTP bae,”
“Wis pada gelema bae, menggawe akeh liren, engko dibayare karo Yen ,”
“Lha…..boleh maning bae….!?” jare Lamsijan kang nyangka arep dibayar duwit Jepang.
“Iya, tapi Yen ana duwite…..Yen ana tempat menggawe-e lan yen ana majikane….” jare Bos Kamid.
“Embuhlah Bos bobad bae….!” Lamsijan sewot.
“Hah hah hah……!!” Bos Kamid gemuyu ngakak.
(Mimi Gede)