NOK Siti kang tes silaturahmi ning umah pamane, ning Kota Bogor balike sengaja numpak mobil kang liwat puncak.
“Iitung-itung plesiran, bagen suwe kang penting bisa dolan-dolan pengen weruh jagat Pasundan,” jare Nok Siti.
Aki-aki kang kupinge wis budeg, Aki Takmad ngrasa seneng lantaran dodoke bareng karo bocah wadon gembleng enak dipandeng yaiku Nok Siti.
“Punten Nok, aki dodoke kebeneran karo Enok ya,” jare Aki Takmad, Nok Siti manggut endase mbari mesem, gawe Aki Takmad tengtrem.
Bus terus mangkat, wilayah Bogor wis keliwat. Rupane Aki Takmad kang kupinge wis budeg bleg, ora bisa maca lan nulis penasaran.
“Nok iki wis teka ning endi ?”
“Cianjur Wa,” jawab Nok Siti, tapi Aki Takmad ora krungu. Nok Siti ngulangi sampe ping telu tapi angger ora krungu.
Akhire Nok Siti duwe ide, tangane nuding ning sawah kang parie wis pada kuning. “Ooo…. Cianjur ya Nok,” jare Aki Takmad.
Manjing wilayah Garut, Aki Takmad nakon maning teka ning endi. Nok Siti nuding ning wong dagang dodol Garut. “Ooo…. wis teka ning Garut ya Nok,” jare Aki Takmad.
Teka ning Bandung Aki Takmad nakon maning. Nok Siti tangane nuding ning wong dagang kembang plastic. “Ooo wis teka ning Bandung ya Nok,” jare Takmad.
Teka ning daerah Sumedang Takmad nakon. Nok Siti akhire tuku tau Sumedang kanggo dipangan lan olih-olih.
“Ooo… wis teka Sumedang ya Nok,” jare Aki Takmad.
Aki Takmad seneng dipai jabur tau Sumedang. Ora krasa mobil bus wis teka ning daerah Majalengka.
Sedurunge Takmad nakon, Nok Siti wis nuduhaken pabrik gendeng Jatiwangi. “Lha… wis teka Jatiwangi Majalengka ya Nok,”
Ora suwe wis manjing perbatasan Majalengka – Cirebon. “Kiyen sih wis teka ning Palimanan ya Nok, ketenger ana pabrik semen,” jare Takmad.
Pas arep teka ning Kota Cirebon, tepate daerah Kedawung, Nok Siti bingung, arep ngupai tanda apa maning ning Aki Takmad. Sedurunge Aki Takmad nakon, Nok Siti embuh tangane ndulit apa terus diambungaken ning Aki Takmad.
“Lha…mambu trasi, Cirebon…Cirebon….! Mudun Pak Sopir…. Mudun….!!” jare Aki Takmad, Nok Siti isin nutupi rai.
“Heh heh heh….!!!” Lamsijan kang dikandani Nok Siti gemuyu ngekek.
(Mimi Gede)