LAMSIJAN karo Bos Kamid lagi ana ning salah siji objek wisata ning Jawa Tengah. “Sekali-kali hiburan supaya Bos awet tua,” jare Lamsijan.
“Awet nom lah, masa ane kon awet tua ?” Bos Kamid protes.
“Lha ya awet tua sih Bos, Bos kan enome wis liwat,”
“Bener Jan, rambut wis pada putih,” jare Bos Kamid.
Pas ana rombongan mobil bus pelat E, Bos Kamid karo Lamsijan mendelik bae. “Sapa weruh ketemu batur tah sedulur,” jare Bos Kamid.
“Bisa bae, kula gen weruh Bos pasti seneng deleng wadon gembleng kang nembe mudun seng bus ?”
“Weruh bae urusane wong tua,” jare Bos Kamid.
Ibu-ibu gembleng kang lagi dipandeng Bos Kamid buru-buru marani takus kang jaman sekiyen Water Cloosed (WC) alias toilet.
Saking buru-burue pengen nguyuh, rangda bapuk kang aran Dayuni ora maca tulisan ning WC. “Waduh Bu…Ibu salah manjing. Iki WC kanggo wong lanang !” Jare Satpam ngupai weruh, bari ketok-ketok lawang WC.
“Lha… karepe temen Mas ! Kaderan deke reang kih pasti kanggo wong lanang…!” jare Dayuni.
“Heh heh heh heh…..!!!” Lamsijan karo Bos Kamid kang weruh lan krungu gemuyu ngekek.
(Mimi Gede)