Ati-ati Dok Isun Masih Original

Foto. Illustrasi (Andi/CN)
banner 120x600

SENAJAN wis kawin ping telu, Maryani katone masih seksi lan angger ganjen, emong kalah karo wadon jaman sekiyen.

Salah siji waktu, Maryani gering, terus priksa ning dokter kandungan. Wis melu antri dawa terus olih giliran disebut suster. Pas manjing ning dokter, “Maaf ya Bu, Ibu kudu dipriksa ning konoe,” jare dokter lanang.

banner 325x300

“Siap Dok, ora apa-apa, tapi punten kudu ati-ati ya Dok,” jare Maryani.

“Iya Dok, soale isun masih asli prawan ting-ting,” jare Maryani, gawe dokter keder.

“Masih prawan kepriben ? Jare Ibu kuh wis ganta-ganti laki sampe ping telu, sapa kang percaya yen Ibu masih prawan ?”

“Bener Dok, wis kawin ping telu, tapi… laki kang pertama ora bisa ngadeg atawa jare dokter sih impoten,” jare Maryani.
“Iya, tapi kan duwe laki kang keloro ?” Dokter penasaran.

“Nasib Dok, laki isun kang keloro wandu alias banci, dadi kaya batur ora sokan campur sekasur,” jare Maryani.

“Lha…laki kang kaping telue kepriben ?” Dokter tambah penasaran.
“Laki kang kaping telu katone lanang tulen Dok, perlente, tapi wong parte !” jare Maryani.

“Lha apa kaitane antara masih prawan karo lakie wong parte Bu?” Dokter keder ora karuan.

“Iya Dok wong parte alias politikus cuma jangji-jangji bae, laka realisasie…!?” Jare Maryani.

“Wk wk wk cis dor ! Hah hah hahhah……!!!” Dokter gemuyu ngakak.

(Mimi Gede)

banner 400x150

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *