Dijaburi Kacang Mede

Foto. Illustrasi (Andi/CN)
banner 120x600

WAKTU Lamsijan dolan ning Bos Kamid, Bos Kamid ana keperluan ngedadak. “Punten, kita ane lelungan Jan, sira ngobrol karo Aki Takmad bae, wedang jaburan ana kabeh,” jare Bos Kamid.

“Iya mene kih Cung, sekali-kali ngobrol karo wong tuwa,” jare Aki Takmad.
Mbari kanda ngalor-ngidul, Lamsijan medang karo njabur kacang mede gurih kang ana ning toples. “Mangga dijabur aja isin – isin, mumpung jaburane akeh,” jare aki.

banner 325x300

“Inggih Ki kesuwun, kacang mede kih jaburan enak tapi regae larang ya Ki,”
“Wis aja mikiri rega larang, kang penting ana jaburan kacang mede kari mangan,” jare Aki Takmad.

Mbari ngrunguaken Aki Takmad kanda waktu masih nom sampe crita memedi, tangane Lamsijan terus nyrowoki kacang mede, cangkeme terus goyang.
Lantaran enak rasae, kacang mede setoples entok kabeh. “Waduh punten Ki, saking enake, kacang mede-e telas,” jare Lamsijan.

“Bli apa-apa, malah aki seneng bisa entok, untue aki sih wis bli kuwat, mulane aki melas kanggo kang untue masih ajeg,” jare Aki Takmad.
“Bener tah Ki, kacang mede-e entok bli apa-apa ?”
“Ora masalah, kader kacang mede olih ngumpulaken kuh,” jare Aki Takmadi.

“Maksude ngumpulaken kepriben ?”
“Yen aki mangan coklat ana kacang mede-e kaya Silver Queen kah coklate tek pangan kacange tek kumpulaken,” jare Aki Takmad.

Juned kaget, langsung pamit, wetenge mlilit. “Haduh….Aki…Aki..!!!” Lamsijan keplayu, Aki Takmad malah gemuyu ngakak.

(Mimi Gede)

banner 400x150

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *