BOS Kamid nasibe bagus, karir mulus, pekaya ana, rabi pantes sugih pisan, pokoke paling nyaman dadi pasangan.
Tin…..!! Wuih… Bos Kamid arep dines kayae sih, reang wong cilik padu masih disapa ning batur kang wis dadi wong duwur bersyukur, jare Warlam.
Bener Lam, Bos Kamid kuh baik, bagen wis sugih terus dadi wakile rakyat masih nyapa lan eling ning kita-kitaan kang mlarat, jare Lamsijan.
Iya Lam. Tapi…., jare Lamsijan.
Tapi apa ? Warlam penasaraan.
Sewerue kita Bos Kamid kuh ora tahan ndeleng bokong wadon demplon, jare Lamsijan kang sewaktu-waktu digawa Bos Kamid nganclong, Warlam ora ngandel.
Waktuwe istirahat ning kantor, Bos Kamid ketekan rombongan Sales Promosion Girl (SPG) salah siji produk udud kang pada ngenggo rok mini, seksi-seki gawe deg-degan kaum laki-laki.
Sapa arane wong ayu…? Takone Bos Kamid ning ruangan.
Dayuni Bos, jawab salah siji SPG kang rupa lan suarae gawe gemeter Bos Kamid.
Saking terlanjur kesengsem, Bos Kamid khilaf, langsung nyosor pipie Dayuni. Dayuni arep njerit ora wani.
Kih bayar produk karo kanggo jajan, jare Bos Kamid kang keceluk boral.
Balik seng kantor Bos Kamid, Dayuni katon murung, batur-bature pada ngrubung. Dayuni crita laka tedeng aling-aling, sampe nulis ning media sosial, temtu bae gawe Bos Kamid sial.
Waduh….bener kih Lam, kedadian…! jare Lamsijan.
Kedadian apa ? Warlam penasaran.
Ning Medsos Bos Kamid viral gara-gara ora tahan deleng bokong wadon ayu, jare Lamsijan.
Pas teka ning umah, Bos Kamid langsung didamprat rabie, Mimi Emah. Mama lhu keterlaluan, kula kurang apa ?! Masih naksir wadon sejen kuh…?!!
Mimih laka kang kurang. (Cuma kurang enom, kurang ayu, terus wis mulai kendor…), jare Bos Kamid ning jero ati. Bos Kamid emong urusan karo rabi, langsung lunga maning, embuh mendi. (Mimi Gede)
Viral Gara-Gara Kesengsem SPG


Baca Juga
Rekomendasi untuk kamu

Aja Ngekek, (CN),- MULAI belajar biasa ning sekolahan, Kacung Udin mulai pusing. Wonge jaluk sekolah…

Lamsijan endase putek seglemek, pusing seiring, dudu bae lantaran mikiri dalan kang tambah sesek, tapi…

KACUNG Apin ponakane Lamsijan pinter, yen mangkat blajar ngaji bolak-balik dewekan bae, ora gelem diater…

LANTARAN lagi laka kegiatan, Bos Kamid, Lamsijan, Misnen, Warlam, Dulgepuk, Abud lan Aseng wis kumpulan….