LAMSIJAN kang sampe sekiyen durung payu rabi, sering diguyoni, disangka keaken palah-pilih.
“Ya terus engko rabie ngenteni Gua Sunyaragi ganti dadi Gua Jabang Bayi tah ?” jare Bos Kamid.
“Lha…Bos sih kiyenge mung ngguyoni, ngluruaken beli, ngecei bli mari-mari !” jare Lamsijan.
“Yuh tek ater, ana ponakane batur kang masih nganggur,” jare Bos Kamid.
Bagen nganedel ora ngandel, Lamsijan nurut ngintil Bos Kamid, arep ning umah wadon gembleng kang enak dipandeng.
Teka ning umah bocah wadon, Lamsijan keder lantaran gemeter ndeleng wadon wangi lan seger. “Nok aja dideleng tongkrongane, bagen mengkenen, Ang Lamsijan anake ‘Bupatimajalengka’,” jare Bos Kamid.
“Lha iya tah Bos…?” Nok Emi langsung ngladeni, seneng bakal duwe laki anake bupati.
Nok Emi langsung dodoke tambah ngrangseg, gawe lamsijan sikile ndregdeg.
Sewise sering nganclongi, suwe-suwe Nok Emi penasaran. “Ang jare kuh anake Bupati Majalengka, tapi ari dolan mene kenangapa bli lokan ngenggo mobil ?” Takone Emi.
“Aja ngladeni Bos Kamid, Nok. Bupati Majalengka kuh maksude, ibu wis mati bapa wis langka….,” jare Lamsijan.
“Waduh, putus baelah , bokat kuh bener anake Bupati Majalengka….!” Emi suarae ngegas.
“Duh, nasib…..?!!” jare Lamsijan, atie ngenes.
“Mulane yen kenalan aja bobad Jan, hah hah hah….!!” Warlam gemuyu ngakak.
(Mimi Gede)